Minggu, 27 Januari 2013

atur pasrah panampi nganten kakung

Atur Pasrah pinanganten Kakung
Assalamu alaikum wr. Wb
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin
Panjenenganipun Bapak Semin sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelenggahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa Tugiman ingkang pantes sinugata ing tata krami. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa Darmo sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas Jono dene wigatosing perlu nuninggih mekaten:

Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa Darmo sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa Semin sekaliyan garwa dalasan sedaya kulawangsa.
Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas Jono mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa Semin ingkang nama rara ayu Tumi miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengombyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancar tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.

Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu alaikum wr.wb.
Artinya
Assalamu alaikum wr. Wb
Keselamatan dan kemurahan Tuhan yang membuat surga semoga senantiasa diberikan kepada kita semua. Amin
Bapak Semin dan ibu yang saya hormati, yang pada kesempatan ini diwakili oleh Bp. Tugiman yang pantas di hormati. ijinkanlah saya sebagai wakil dari Bapak Darma dan ibu datang kemari mengiringi pengantin laki-laki yang bernama Jono dengan keperluan sebagai berikut:

Pertama, mengucapkan salam dari Bapak Darmo dan ibu kepada Bapak semin dan ibu.
Kedua, memberikan sekuntum kembang campaka yaitu pengantin laki-laki Jono semoga diterima dengan senang hati dan mohon segera dinikahkan dengan anak putri Bp. Semin yang bernama Tumi sesuai adat kebiasaan masyarakat sini. Saya bersama rombongan Cuma berdoa semoga acara tersebut berlangsung dengan lancar tidak mendapatkan halangan apapun.
Semoga tuham yang maha Agung selalu memberikan rahmat jodoh kepada keduanya.

Akhir kata saya mengucapkan maaf yang sebesar-besarnya
Wassalam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar